Pestisida utawa pembasmi hama yaiku bahan kang minangka ngendhalèkaké, nulak, narik kawigatèn, utawa mbasmi organisme pengganggu.[1] Tembung pestidida asalé saka pest ( "hama") kang diwènèhi tembung -cide ("pembasmi").[1] Sasarané manéka warna, kaya ta gegremet, tikus, gulma, manuk, mamalia, iwak, utawa mikroba kang dianggep ngganggu.[1] Padatan pestisida asipat racun, saéngga ing padinan pestisida asring diarani racun.[1]

Sawatara jinis pestisida kimia

Jinis

besut

Miturut sasarané

besut

Miturut sasarané (organisme penggangguné), pestisida diklompokaké dadi sawatara jinis, yaiku:

  1. Insektisida, kanggo ngendhalèkaké gegremet
  2. Fungisida, kanggo ngendhalèkaké lelara tetuwuhan amarga jamur.
  3. Herbisida, kanggo ngendhalèkaké gulma
  4. Akarisida, kanggo ngendhalèkaké akarina (tungau utawa mites utawa tuma)
  5. Molukisida, kanggo ngendhalèkaké hama saka bangsané bekicot (molusca)
  6. Rodentisida, kanggo ngendhalèkaké tikus
  7. Namatisida, kanggo ngendhalèkaké nematoda
  8. Bakterisida, kanggo ngendhalèkaké lelara tetuwuhan amarga baktèri
  9. Algasida, kanggo ngendhalèkaké ganggang (algae)
  10. Pilkisida, kanggo ngendhalèkaké iwak gabus
  11. Avisida, kanggo ngracuni manuk perusak kasil pertanian
  12. Repelen, pestisida kang ora asipat matèni, mung nudung hama
  13. Atraktan, minangka narik kawigatèn gegremet
  14. ZPT, minangka ngatur pertumbuhan tetuwuhan kang bisa macu pertumbuhan
  15. Plant Activator, minangka ngrangsang tuwuhé kekebalan tetuwuhan, saéngga tahan lelara tartamtu.

Miturut sipaté

besut

Miturut sipat, pestisida diklompokaké dadi telung jinis,[2] yaiku:

  1. Wujud padhet
  2. Wujud cair
  3. Wujud keluk (aerosol)
  4. Wujud gas (fumigan)

Miturut cara kerja

besut
  1. Racun kontak, bisa matèni sasaran yèn ngenani kulit sasarané[2]
  2. Racun perut, bisa matèni sasaran yèn pestisida kepangan sasarané[2]
  3. Fumigan, yaiku senyawa kimia kang bisa matèni sasaran liwat saluran ambegan[2]
  4. Racun sistemik, yaiku pestisida kang didisep tetuwuhan, nanging ora nggawé tuna tetuwuhan. Gegremet kang mangan tuwuhan iku bisa mati ing bates wektu tartamtu.[2]

Miturut struktur kimia

besut
  1. Organoklorin
  2. Organofosfat
  3. Carbamat
  4. Piretroid

Pengendalian pestisida

besut

Pestisida kang minangka ngundhakaké kasil pertanian bisa nyebar lan nregeti panggonan liya.[3] Yèn iki kadadèn, pestisida bisa ngracuni iwak lan ngrusak ékologi lingkungan.[3] Pestisida bisa uga ngracuni makluk urip. Konsentrasi pestisida ing makluk urip bisa matikel-tikel amarga manéka warna kagiyatan.[3]

Mula, panggunaan pestisida prelu dikendhalèkaké kanggo ngindari masalah keracunan utawa prekara kang ora dikarepaké.[3] Nggunakaké pestisida kudu ngetutaké pituduh kang bener.[3] Sawayara prekawis kang kudu digatèkaké nalika nggunakaké pestisida, yaiku:

  • Mangertèni janis hama utawa lelara tuwuhan kang arep dibasmi.[3]
  • Mangertèni kaluwihan lan kekurangan saben pestisida kang dipilih.[3]
  • Ngetutaké aturan nggunakaké pestisida kang dipilih lan mesthèkaké yèn panggunaan pestisida mau ora nggawé rugi lingkungan ing saubengé.[3]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d Pestisida Archived 2013-01-20 at the Wayback Machine.(diundhuh 30 Januari 2013)
  2. a b c d e Jinis Pestisida Archived 2021-10-17 at the Wayback Machine.(diundhuh 30 Januari 2013)
  3. a b c d e f g h macam-macam pestisida Archived 2013-01-22 at the Wayback Machine.(diundhuh 30 januari 2013)