Radèn Salèh

(Kaelih saka Raden Saleh)

Salèh Sjarif Boestaman (?1807 - 23 April 1880) utawa Radèn Salèh iku siji juru lukis saka Hindhia-Walanda. Dilairake ing Terbaya, Semarang saka pasangan Sayid Husein bin Alwi bin Awal lan ibu Mas Ajeng Zarip Husein. Taun laire ora dimangerteni lan ana pira-pira panemu ing prakara iki. Wong tuwa kekarone putu saka Kyai Ngabehi Kertabasa Bustam, punjer trah Bustaman kang nurunake para bupati lan priyayi ing laladan pasisir lor pulo Jawa.[1] Jenengé ing sarasilah kulawargané ya iku Sayyid Salih bin Husain bin Yahya. Salèh mijil ing kulawarga priyayi Jawa. Dhèwèké sing miwiti lukisan modèren ing tlatah Nusantara lan minangka seniman modèren kapisan ing Hindhia-Walanda.

Radèn Salèh ing taun 1872

Wektu cilik

besut

Radèn Salèh lair ing kulawarga priyayi lan turunan Hadramaut. Ramané ya iku Sayid Husèn bin Alwi bin Awal lan sibuné Radèn Ayu Sarif Husèn bin Alwi bin Awal. Rikala ciliké, Salèh urip ing Terbaya, Semarang.[2] Umur 10 taun, dhèwèké dititipaké wong Walanda déning pakliké sing dadi bupati ing Semarang. Kaprigelané nggambar katon nalika sinau ing Sekolah Rakyat.

Salèh gampang srawung, mula gampang lumebu ing antarané wong-wong Walanda. Salah siji tepungané ya iku Prof. Caspar Reinwardt, sing ngadegaké Kebon Raya Bogor lan uga Dirèktur Tani, Seni, lan Kawruh kanggo Pulo Jawa lan pulo-pulo saubengé. Caspar nemu yèn Salèh pantes éntuk pakaryan ing kantoré. Kapeneran ing instansiné iku ana palukis turunan Bèlgia, A.A.J. Payen sing ditekakaké saka Walanda saperlu nggambar sesawangan ing Pulo Jawa kanggo rerenggan kantor Dhépartemèn Koloni ing Walanda. Payen katarik marang kaprigelan nglukisé Salèh lan sadya ngajari dhèwèké. Saka Payen iki Salèh sinau cara nggambar kaya déné wong Éropah, upamané nganggo cèt lenga. Payen uga ngajak Saleh ngideri Pulo Jawa golèk sesawangan kanggo dilukis. Ing lelakon iku Salèh éntuk jejibahan nggambar manéka wong sing diprangguli ing sadéngah papan.

Payen banjur ngusulaké marang Gubernur Jènderal G.A.G.Ph. van der Capellen (mrèntah 1819-1826) supaya Salèh bisa sinau menyang Walanda. Taun 1829, Capellen ngragadi Salèh menyang Walanda kanggo sinau uga kanggo ngajari Inspèktur Béya Walanda, de Linge, ngenani adat lan kabudayan Jawa, kalebu basa Jawa, sarta basa Melayu.

Rujukan

besut
  1. Onghokham, Harsja W. Bachtiar, Peter B.R. Carey, (2009). Raden Saleh : anak Belanda, mooi Indië & nasionalisme (édhisi ka-Cet. 1). Depok: Komunitas Bambu. ISBN 9793731389. OCLC 320350161.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link)
  2. Raden Saleh 1807-1880: Perintis Seni Lukis di Indonesia , Baharudi Marasutan, Dewan Kesenian Jakarta, 1973]