Menyang kontèn

Candhi Karang Besuki

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 1 Juni 2023 07.48 déning Labdajiwa (parembugan | pasumbang)
() ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)

Candhi Karang Besuki iku candhi kang ana ning Sukun, Kutha Malang, Jawa Wétan. Panggonané ana ing cerak situs Candhi Badut. Candhi iki digawé saka watu-watuan andesit kang ana ing èrèng gunung lan jembaré 16 x 36 mèter. N. J Krom uga ngarani Candhi Karang Besuki iku dadi Candhi Besuki.[1]

Candhi Karang Besuki duwé wujud denah segi papat kang ukuran jembaré 6,8 m x 6,8 m lan ngadhep ngulon. Panemuan loro arca perunggu kang dideleng saka gayané kaya Parvati dadikaké candhi iki dikira dadi papan ibadah agama Hindhu Siwa.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Sedyawati, Edi (2013). Candi Indonesia. Jakarta: Direktorat Pelestarian Cagar Budaya dan Permuseuman, Direktorat Jenderal Kebudayaan, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. kc. 281. ISBN 9786021766934.