Menyang kontèn

Gunung Kelud

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gunung Kelud
Èlevasi1,731 metres (5,679 ft)

Gunung Kelud iku gunung geni kang ana ing Provinsi Jawa Wétan, Indonésia, kang isih aktif.[1] Gunung iki ana ing wates antarane Kabupaten Kediri lan Kabupaten Blitar, kira-kira 27 km sebelah wétan pusat Kutha Kediri.[1] Wiwid abad ke-15, akibat Gunung Kelud akeh manungsa kang padha mati kira-kira luwih saka 15.000 jiwa.[1] Gunung iki mbledhos taun 1586 korban kang mati kurang luwih 10.000 jiwa.[1]

Ing abad kaping-20, Gunung Kelud kacathet jeblug ing taun 1901, 1919 (1 Mei) Jeblugan Gunung Kelud mateni 5000 manungsa kang dadi korban kapengkar saka 104 dusun.[2] Taun 2007 gunung iki aktif meneh. Kuwi kang njalari para ahli gunung api ing siklus 15 taunan kanggo mbledhose gunung iki.[2]

Aktivitas gunung iki nambah meneh ing akhir September 2007 lan isih terus nganti November taun kang padha, ditandani karo mulai nambah suhu banyu danau kawah, nambahe gempa tremor, sarta malehe warna danau kawah saka warna ijo dadi warna putih.[2] Status "awas" diumumake dening Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi wiwit 16 Oktober 2007 saengga para pendhudhuk kang omahe cedhak saka gunung iki kudu ngungsi.[2] Nanging gunung ora sida mbledos.[2]

Akibat aktivitas gunung kang dhuwur kuwi ana kadadeyan-kadadeyan unik lan aneh kang lagi wae muncul kadadeyan kang kaya mangkono, yaiku uncul keluk sing warnane putih saka tengahe danau dilanjutake karo metune kubah lava saka tengah-tengahe danau kawah wiwit tanggal 5 November 2007 lan terus nambah nganti ukurane 100m.[2] Para ahli nganggep kubah lava iki kang njalari mampete saluran magma saengga gunung ora sida mbledos.[2] Energi mbledhose gunung mau digunakake kanggo nyurung kubah lava sisane mbledhos taun 1990.[2]

Cathetan Suku

  1. a b c d (ing basa Indonésia)www.kediri.go.id (Dipuntingali tanggal 3 Juli 2011)
  2. a b c d e f g h (ing basa Indonésia)Gunung Kelud (Dipuntingali tanggal 3 Juli 2011)