Menyang kontèn

Kasada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Upacara Kasada

Upacara Kasada yaiku upacara sing dianakaké déning masyarakat Tengger, uga kasebut Upacara Yadnya Kasada. Upacara kasada dianakake saben sasi Asuji utawa Kasada (sasi kaping 12) taun Saka, ing wayah wengi. Upacara iki dianakake ing Poten Segara Wedhi, cedhak Gunung Bromo.

Uba rampé

Ubarampe sing diprelokake ing upacara kasada yaiku ongkek-ongkek sing isine kasil bumi[1], ingon-ingon kanggo dilabuhake ing kawah Gunung Bromo, banyu suci saka pitung sumur, kitab suci weda, mandala utama kanggo panggonan dukun, gamelan, kembang setaman, lan dwipa.

Tata Cara Upacara Kasada

Sadurunge dianakake Upacara Kasada, adate para sesepuh nentokake dina lan wektu sing trep supaya upacarane bisa lancar. Ing Upacara Kaasada iki, saliyane labuhan sesaji uga ana ritual liya, yaiku nglukat umat lan pelantikan dukun. Upacara Kasada tujuane yaiku kanggo ngenang pangorbanane Hadi Kusuma kang dadi tumbal lan digawa lunga Sang Hyang Widi ing legenda Rara Anteng lan Jaka Seger, sing dadi leluhure masarakat Tengger.

  1. Upacara Kasada Bromo