Menyang kontèn

Al-Idrisi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Globe Emas déning Al-Idrisi

Al-Idrisi ya iku wong kang wiwitan gawé globe.[1] Jeneng jangkepé ya iku Abu Abdullah Muhammad Ibn Muhammad Ibn Abdullah In Idris Ash-Sharif, nanging jeneng kang biyasa digunakaké ya iku Asy-Syarif Al-Idrisi Al-Qurtui.[1] Wong Kulon lumrahé nyebut kanthi aran Dresses.[1] Al-Idrisi lair ing Ceuta, Spanyol, taun 1099.[1]

Al-Idrisi sekolah ana ing Cordova mligi ing babagan géografi.[1] Nalika iku, wis akèh para ahli géografi kang gawé péta donya nanging péta mau ora luwih apik tinimbang péta gawéané Al-Idrisi.[1] Karya-karya Al-Idrisi akèh maparaké data kang bisa dipercaya déning masarakat.[1] Iki kang ndadèkaké dhèwèké dilirik déning kalangan navigator laut Éropah, sarta kalangan militèr.[1] Wong-wong kang gandrung karo keahliané Al-Idrisi ya iku Raja Roger 11, Raja Sicilia keturunan Normandia taun 1129-1140. Dhèwèké njaluk tulung karo Al-Idrisi supaya digawèkaké péta donya kang anyar.[1] Al-Idrisi nyanggupi panjalukané mau kanthi sarat ya iku nglebokaké Sicilia minangka kakuwasan kaum muslim sadurungé raja Roger kang dadi panguwasané.[1] Pungkasané, péta pesenan raja mau bisa diwujudaké kanthi wangun bal donya utawa globe.[2] Globe mau digawé kanthi bahan pérak kang aboté 400 gram.[2] Ing globe mau, Al-Idrisi uga mènèhi pitung bawana kang jangkep kanthi rute-rute dagangan, tlaga-tlaga, lan kali, kutha-kutha gedhé, dharatan, sarta pagunungan.[2]

Al-Adrisi ninggal taun 1166 M.[3]

Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i j [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 34]
  2. a b c [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 35]
  3. [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 36]