Menyang kontèn

Dhiodha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Dhiodha minangka jinis komponèn pasif.[1] Dhiodha minangka sawijining semikonduktor kang nduwé rong terminal piranti kang nuduhake karakteristik arus tegangan non linier [2]

Dhiodha minangka jinis komponèn pasif kang nduwé 2 kutub, anoda lan katoda

Dhiodha nduwé rong sikil utawa kutub, yaiku sikil anoda lan katoda.[1] Dhiodha kagawé saka bahan semikonduktor tipe P lan semi konduktor tipe N kang disambungake dadi siji.[1] Semi Konduktor tipe P gunané kanggo anoda, lan semi konduktor N gunané kanggo katoda.[1]

Miturut bahan semi konduktor kang dianggo ing prosès nggawéne, dhiodha dibédakaké dadi rong jinis, yaiku:

  1. Dhiodha Silikon, yaiku dhiodha digawé saka silikon.[1]
  2. Dhiodha germanium, yaiku dhiodha kang digawé saka bahan germanium.[1]

jinising dhiodha lan panganggone:

  1. Dhiodha Silikon. Dhiodha silikon padatan dianggo ing piranti catu daya minangka piranti penyearah arus, piranti kanggo ngamanake tegangan kejut, lan sapanunggale.[1] Tuladhané yaiku 1N4001, 1N4007, 1N5404, lan sapanunggale.[1]
  2. Dhiodha Zener. Dhiodha zener dianggo kanggo matesi utawa ngatur tegangan.[1] Tuladhané yaiku zener 6.2 volt, zener 3.2 volt, lan sapanunggale.[1]
  3. Dhiodha Bridge. Dhiodha Bridge yaiku dhiodha kang didadèkaké siji dadi rangkean uwot utawa kreteg (bridge).[1] Dhiodha iki akèh dianggo ing piranti catu daya minangka penyearah gelombang penuh.[1] Tuladhané yaiku B40C800, kiprox ing motor, lan sapangunggale.[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m Dioda Archived 2012-01-11 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 8 Maret 2011)
  2. Diode(dipunundhuh tanggal 9 Maret 2011)