Menyang kontèn

Tembung rangkep

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Tembung Rangkep (Basa Indonésia: Kata ulang), iku sakabèhing tembung (sanadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung warna, ya iku: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.

Tembung Dwilingga

Miturut owah orané lingga

  • Dwilingga padha swara, ya iku tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Tuladhané: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
  • Dwilingga salin swara, ya iku tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah. Tuladhané: mloka-lumaku, mleba-lumebu, meta-metu, mrana-mréné.

Miturut tegesé

Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, ya iku:

  • Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
  • Dadi tembung kaanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
  • Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
  • Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora bisa-bisa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
  • Sanadyan. Tuladha: Alon-alon (sanadyan alon), cilik-cilik (sanadyan cilik).
  • Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
  • Paling. Tuladha: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.

Tembung Dwipurwa

Tembung Dwipurwa iku tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang pisanan baé. Tuladha: dedunung, tetuku, lelaku, leluri,sesawangan, pepadha

Tembung Dwiwasana

Tembung Dwiwasana iku tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang kapindho (mburi). Tuladha: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,

Wacan

  • Kawruh Basa Jawa Pepak, Daryanto S.S., Penerbit Apollo Surabaya, 1999.
  • Tata Basa Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. etal., Penerbit Media Abadi Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2005, ISBN 979-3525-50-9.
  • Paramasastra Basa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setyanto, SH., Penerbit Panji Pustaka, Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2007, ISBN 979-25-2732-X.