Menyang kontèn

Ndhog Asin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Alih kaca

Ngalih menyang:

Ndhog ya iku salah satunggaling pangan ingkang asalipun saking ternak utawi unggas ingkang gampil risak lan bosok, menawi kados mekaten kedhah ngatos-atos anggenipun ngrawat wiwit saking kandhang dumugi wonten ing panggenan ingkang kangge nyimpen. Salah satunggaling cara supados ndhog saged dipun simpen langkung dangu inggih punika kanthi cara dipunawètaken. Cara ingkang gampil kanggé ngawètaken ndhog punika kanthi cara dipunwènehi sarem. Punika cara tradisional ingkang umum dipun-ginakaken dening rakyat. Mupangat ingkang dipunangsalaken saking pengawètan ndhog asin punika ugi nambah cita rasa saking ndhog punika. Ndhog ingkang dipun damel ndhog asin punika biasanipun ndhog bebek, amargi ndhog bebek punika gadhah kadar lemak ingkang inggil tinimbang ndhog pitik. Prosèsipun ingkang saged dipun lampahi wonten kalih, inggih punika: Dipun rendem wonten ing toya sarem lan dipun bungkus nganggé adonan sarem ingkang biasanipun dipun campur kaliyan bubukan bata, awu, lan sarem utawi biasa dipun sebat pemeraman. Punika cara ingkang padatanipun dipun-ginakaken dening masyarakat tradisional. Kekalihipun gadhah lampah ingkang gampil, amargi bahan ugi alat ingkang dipu-ginakaken punika wonten ing sawatara kita sedaya.[1]

  1. Zulaekah, Siti; Widyaningsih, Endang Nur (2005). "Pengaruh Konsentrasi Ekstrak Daun The Pada Pembuatan Telur Asin Rebus Terhadap Jumlah Bakteri Dan Daya Terimanya". Jurnal Penelitian Sains & Teknologi: 13.