United Nations Development Programme (UNDP) utawa Badan Program Pangyasa PBB (Basa Arab: برنامج الامم المتحده الانماءي, Basa Prancis: Programme des Nations Unies pour le développement, Basa Spanyol: Programa de désarrollo de Naciones Unidas) iku organisasi multilateral kang gedhé dhéwé mènèhi bantuan teknis lan pangyasa ing donya.

Nduwèni kantor punjer ing New York City la uga minangka organisasi gedhé dhéwé sajeroning Perserikatan Bangsa-Bangsa. Organisasi iki dibiayai déning donor. Donor-donor iki lumrahé mbiyantu nyediaké ahli lan penaséhat, pelatihan, lan perlengkapan pangyasa kanggo nagara tumuwuh, kanthi nambah bantuan kanggo nagara tumuwuh

Sajarah

besut

UNDP diyasa ing taun 1965 minangka penggabungan rong organisasi sadurungé (Program Bantuan Teknis PBB lan Program Dana Khusus PBB). Organisasi iki disawang minangka organisasi kang nglakokaké tugas pokok PBB saliyané minangka perdamaian lan kaamanan donya.

Kauangan

besut

Total dana Operasional PBB nganti taun 2004 yaiku watara $ 4 milliar (setara Rp. 36.900.000.000.000 'Telung puluh enem triliun sangang atus milyar rupiah', yaiku yèn 1$ = Rp. 9.225)

Donor (Bantuan)

besut

Nagara donor gedhé dhéwé yaiku Amérika Sarékat, nyumbang $ 243 yuta, nuli Karajan Manunggal, kang nyumbang $ 233 yuta menyang UNDP. Jepang, Walanda, Nurwègen lan Swèdhen nyumbang punjul $ 100 yuta. Sauntara, Uni Éropa nyumbang punjul $921 yuta ($ 226 yuta asal saka Komisi Éropa lan sisané asal saka nagara-nagara anggota Uni Éropa.

Informasi Umum

besut

Kaanggotaan

besut

UNDP nduwé anggota luwih kurang 166 nagara ing donya, nyambut gawé bebarengan karo bantuan pamaréntah lan LSM lokal.

Fungsi

besut

Fungsi umum UNDP, antarané:

  • Mujudaké dhémokrasi sajeroning sawijining nagara
  • Penanggulangan kamiskinan
  • Mbantu nagara kanggo bangkit saka keterpurukan
  • Perluasan Energi lan Kaseimbangan Lingkungan
  • Penanggulangan HIV/AIDS

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut

Organisasi Internasional