Menyang kontèn

Chelsea Olivia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Chelsea Olivia
LairChelsea Olivia Wijaya
(1992-07-29) Juli 29, 1992 (umur 32)
Bandar Lampung, Lampung, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaGabrielle Chelsea Olivia Wijaya
PakaryanArtis, Model, Penyanyi
Taun aktif2000 - saiki
BojoGlenn Alinskie (o. 2015)
Anak2
Wong tuwa
  • Yakub Wijaya (bapak)
  • Yuliana Agustine (ibu)
Karir musik
Génre
PirantiVokal
Labèl
Sing magepokan

Chelsea Olivia Wijaya lair ing kutha Bandar Lampung tanggal 29 Juli 1992. Dhèwèké ya iku salah siji aktris Indonésia. Chelsea Olivia iku ragil saka telung paseduluran.[1] Kenya ngugemi agama Protèstan.[1] Chelsea Olivia tau sekolah ing SD Tarakanita lan SMP St.Louis 1.

karir pisanan

[besut | besut sumber]

Karir Chelsea Olivia kang sepisanan diwiwiti nalika dhèwèké dadi modhel ing album anak-anak.[2] Sawisé iki Chelsea banjur lumebu ing Indika Intertainment.[2] Dhèwèké éntuk peran ing sinétron kang kang irah-irahane Matahariku.[2] Jeneng Chelse Olivia wiwit dikenal wong akèh nalika dhèwèké dadi bintang ing sinétron Cincin.[2] Saliyané iku akèh tawaran main ing sinétron liyané lan dhèwèké dadi bintang iklan.[2] Jenenge sangsaya misuwur nalika dhèwèké dadi bintang ing sinétron Buku Harian Nayla.[2] Chelsea Olivia uga nonton filem Koréa kanggo ngasah bakat aktinge.[1]

Karir Musik lan Film

[besut | besut sumber]

Saliyané main sinétron, Chelsea Olivia uga nyanyi karo BBB ya iku Bukan Bintang Biyasa, grup musik kang anggotané artis sinétron kang isih nom kaya ta Laudya Chintya Bella, Raffi Ahmad, Dimas Beck, lan Ayushita.[1] Grup musik iki dibimbing déning komponis Melly Goeslaw.[1] Grup BBB uga bakal ngisi Soundtrack filem layar lebar kang irah-irahane Bukan Bintang Biyasa.[1] Sinetron Buku Harian Nayla iki nemu Chelsea Olivia karo Glenn Alinskie, uga artis anyar kang tau dadi pacare.[1] Glenn Alinskie lan Chelsea Olivia dikabaraké resmi pacaran sadina sadurungé ambalwarsane Chelsea kang kaping 15 ya iku tanggal 28 Juli 2007.[1] Sadurungé pacaran karo Glenn, Chelsea Olivia pacaran karo Ricky Harun.[1]

Prestasi

[besut | besut sumber]

Pahargyan kang tau diwènèhake Chelsea Olivia.[1]

  • Putri Bobo Favorit taun 2002
  • Warna Buyung Upik Favorit taun 2003

Sinematografi

[besut | besut sumber]

Chelsea Olivia main filem, sinétron, dadi bintang iklan, lan nyanyi.[1]

  • Bukan Bintang Biyasa (2007)
  • Summer Breeze (2008)
  • Suka Ma Suka (2009)
  • Seoul With In Love (2010)
  • Cinderella Marah (2011)

Sinetron

[besut | besut sumber]
  • Setetes Embun
  • Bayangan Adinda (2003)
  • Serberkas Kasih Mama
  • Matahariku
  • Tuhan Ada Dimana-mana
  • Kodrat
  • Cincin (2006)
  • Penyihir Cinta
  • Maha Cinta
  • Cewek Penakluk
  • Loni Cantik Maukah Kamu Jadi Pacarku
  • Pangeran Penggoda (2006)
  • Buku Harian Nayla (2006)
  • Mawar (2007)
  • Menanti Keajaiban Cinta (2008)
  • Chelsea (2008)
  • Melati untuk Marvel (2008)
  • Mawar Melati (2010)
  • Cinta Melody (2010)
  • Antara Cinta dan Dusta (2011)

Diskografi

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k indosinema.com Archived 2007-10-01 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  2. a b c d e f celebrity.okezone.com(dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)