Menyang kontèn

Mancing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
mancing nganggo piranti pancing
John George Brown: Waiting for a Bite, Central Park
wong manjing ing tengah sagara

Mancing ya iku kagiyatan kanggo nyekel iwak. Mancing uga kena dadi pagawéyan, hobi, ulah raga kang manggon ing jaba ruangan utawa diarani outdoor, kagiyatan ing pinggir telaga, sagara, utawa kali lan tlatah banyu liyané.[1] Mancing duwé ancas supaya bisa ngéntukaké iwak nganggo piranti pancing.[1] Mancing lumrahé nggunakaké piranti kang diarani pancing.[1] Pancing duwé mata pancing kanggo nyekel iwak.[1] Mata pancing manggon ing pucuk tali pancing, mata pancing dadi panggonan kanggo nyèlèhaké umpan kang bakalé dipangan iwak.[1] Nanging ing praktèké, asil buron kang dipancing ora mung iwak nanging uga ana kagiyatan mancing kanggo mancing kodhok, penyu, iwak, iwak nus, gurita lan iwak paus.[1] Mancing iwak bisa dibédakaké miturut asil pancingané.[1]

  • Mancing iwak kang ana ing sagara
  • Mancing iwak ing banyu tawa

Mancing kalebu salah siji tèhnik kanggo nyekel iwak, saliyané mancing isih akèh tèhnik liyané kanggo nyekel utawa golèk iwak.[1] Kaya ta nganggo jaring, jala, nganggo setrum, nganggo bom iwak lan liya-liyané.[1] Nanging cara nyekel iwak nganggo pukat harimau, setrum lan racun lumrahé dilarang nagara, awit cara mau, bakal ngrusak karang lan iwak kang isih cilik kang uga mèlu mati.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Mancing kang tegesé nyekel iwak wis dikenal karo pradhaban manungsa wiwit jaman biyèn kurang luwih 10.000 taun kapungkur.[2] Iki kabuktén saka paninggalan-paninggalan arkéologi ing guwa-guwa tuwa ing Éropah.[2] Aktivitas mancing wis ana wiwit jaman biyén awit tinemu balung-balung, mata pancing lan gambar utawa lukisan ing gowa-gowa iku nalika jaman batu.[2] Teknik nyekel iwak kang warna-warna carané wiwit ana nalika jaman Neolithic kurang luwih 4.000-8.000 taun kapungkur banjur dikembangake tèhnik kang luwih modhèren kang isih digunakaké nganti saiki.[2] Semana uga carané ngolah iwak kang dipancing, saiki cara kaya ta ngawétaké, nguyahi utawa kanthi cara pengasapan isih digunakaké.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]