Menyang kontèn

Surat An Naas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
سورۃ ٱلنَّاس

Surat An-Naas punika surat ingkang pungkasan (surat kaping 114) wonten ing Al Qur'an. Nami An-Naas dipunpendhet saking tembung An-Naas ingkang kasebat wola-wali wonten ing surat punika. "An Naas" piyambak suraosipun "manungsa." Tembung "manungsa" ing basa Arab bènten-bènten. Ing tembung "An Naas", tembung punika ngrujuk kaliyan artos "manungsa" kanthi wadhag. Tembung manungsa bèntenipun ingggih punika "insan" ingkang ngrujuk manungsa saking péranganipun ing batos. Mula, ing surat punika An-Naas (manungsa) kasandingan kaliyan jin ingkang sami-sami saged dados sétan.

Surat punika kalebet golongan surat Makkiyah. Surat punika nganjuraken supados manungsa pados pangayoman dhumateng Allah lan sétan punika saged saking bangsanipun manungsa lan sétan.

قُلْ أَعُوذُ بِرَبِّ النَّاسِ مَلِكِ النَّاسِ إِلَهِ النَّاسِ مِنْ شَرِّ الْوَسْوَاسِ الْخَنَّاسِ الَّذِي يُوَسْوِسُ فِي صُدُورِ النَّاسِ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ

Alih aksara

[besut | besut sumber]

Bismi A l-lahi al-r-Rahmani-al-r- Rahimi

  1. Qul a’udhu birabbi al -n-nasi
  2. Maliki al-n-nasi
  3. Ilahi al-n-nasi
  4. Min sharri a l-waswasi al-khannasi
  5. Al-ladhi yuwaswisu fi suduri al-n-nasi
  6. Mina a l-jinnati wa-al-n-nasi

Cathetan: Aksara ingkang kacithak warni abrit boten dipunswantenaken.

Jarwanipun

[besut | besut sumber]
  1. Dhawuha,"Kawula nyuwun pangayoman dhumateng Pangeraning manungsa."
  2. Rajanipun manungsa
  3. Sesembahanipun manungsa
  4. Mugi dipunkalisaken saking pihalaning setan ingkang anggodha
  5. ingkang ambisik-bisiki ing manahing manungsa
  6. saking golonganipun jin lan manungsa.[1]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tapsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.


Surat Sadurungė:
Surat Al Falaq
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
-
Surat 114