Active Server Pages
Active Server Pages urata disingkat ASP ya iku salah sawijining basa pemrograman web kanggo nyipta kaca web kang dinamis.
![](http://178.128.105.246/host-http-upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f3/Microsoft_Sign_on_German_campus.jpg/250px-Microsoft_Sign_on_German_campus.jpg)
ASP ya iku salah sawijining piranti teknologi kang disediakake déning Microsoft.[1] ASP diproses lumantar web server lan asil prosès iki bisa ngasilaké HTML kang bakal dikirimake lumantar penjelajah web (browser).[1] ASP nyambut gawé marang web server lan minangka server side scripting.[1]
Pengenalan
[besut | besut sumber]Active Server Pages (ASP) ya iku pengaturan web kang minangka mrogram kaca web kang dinamik lan asipat interaktif[2]. Active server page ya iku fasilitas saka Microsoft kanggo nggampangake gawé aplikasi-aplikasi Web Server.[3] ASP diciptakake déning Microsoft kanggo njawab tantangan pemrograman web dinamis.[4] Ora kaya HTML kang mung nudhuhake isi kang statis, ASP kisa nudhuhake isi kaca kang béda manut karo ancas pemrogramane.[4] ASP wis ngancik versi 3.0 kang lumaku ing platform Windows 2000 Professional utawa Server.[4] Versi sadurungé, ya iku versi 2.0, kang lumaku ing platform liyané kaya ta Linux, Solaris, OS/2, lan Novell.[4]
Basa ASP murni Object Oriented Programming (OOP) duwé struktur basa kang padha karo basa Visual Basic kang gampang dingerteni amarga sintakse nggunakaké Basa Inggris.[4] Visual Basic ya iku basa pemrograman kang paling gampang dingerteni lan disinaoni tinimbang basa pemrograman liyané.[4] Mula ASP gampang banget disinaoni déning para pemula kanggo gawé aplikasi web.[4]
Penjelajah web
[besut | besut sumber]Penjelajah web kang minangka ngetes script ASP kang digawé ing antarané ya iku Internet Explorer, Netscape Navigator, utawa Opera.[4]
Kaunggulan ASP
[besut | besut sumber]Kaunggulan saka ASP ya iku[3]:
- Gampang disinaoni
- Gampang dikembangake saka sistem kang wis ana
- Ora perlu kompilasi.
- Gampang digabungake karo tèknologi liyané kaya ta CGI, DCOM, ActiveX lan liya-liyané.
- Kanthi nggunakaké ActiveX Data Object lan SQL, anggoné gawé Web Data Base dadi luwih murah.
- Menehi fasilitas keamanan kaya ta session Object, cookie, lan fasilitas transaksi online kang aman kanthi protokol SSL, kabèh bisa ditindakake kanthi nggunakaké sitik kodhe tambahan.
- Kode ASP ora bisa dideleng saka client, hal iki disebabake amarga yèn server nampa request file asp, mula file mau diproses disik ing server lan kang dikirimke ya iku kodhe-kodhe HTML
Tuladhané
[besut | besut sumber]<html>
<body>
<%
response.write("My first ASP script!")
%>
</body>
</html>
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c Johanes Gunawan, Cepat Mahir ASP, ilmukomputer.org
- ↑ Mohd. Shahizan Othman, Suraya Miskon, Syed Norris Hikmi Syed Abdullah & Lizawati Mi Yusuf, Pembangunan Apilikasi Web Menggunakan Active Server Pages (ASP), kaca 67. UTM
- ↑ a b Ebook Onno W Purbo, Aplikasi Internet.[pranala mati permanèn]
- ↑ a b c d e f g h "BUKU ASP BAB1 - TUTANG". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-11. Dibukak ing 2011-06-29.
- ↑ ASP Tutorial