Menyang kontèn

Kabupatèn Grobogan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Grobogan
كَبُڤَتَينْ ݢرَبَوݢَنْ
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦓꦿꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀
Kabupatèn

Lambang
Sesanti: Kombuling Cipto Hangroso Jati

Pernahé Grobogan ing Jawa Tengah
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Tengah
Kutha krajanPurwadadi
Pamaréntahan
 • BupatiSri Sumarni
Laladan
 • Gunggung1,975,865 km2 (0,762.886 sq mi)
Cacah warga (Sensus 2010)
 • Gunggung1,413,328
 • Pepadhet0,72/km2 (1,9/sq mi)
Bebrayan
 • WongJawa, Arab, Cina lan liya-liya
 • BasaJawa lan Indonesia
 • KepercayanIslam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 292
Situs wèbwww.grobogan.go.id
(ing basa Indonésia)
Bledhug Kuwu
Geni abadi Mrapèn
Watu bobot

Kabupatèn Grobogan (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦓꦿꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ ݢرَبَوݢَنْ), iku iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Purwadadi iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.975,865 km² utawa hektar.

Géografi

[besut | besut sumber]

Grobogan diapit anatarané Pegunungan Kendeng ning sisih kidul lan Pegunungan Kapur Lor ning sisih lor. Sanadyan panas ning mangsa katiga, Grobogan dadi salah siji lumbung pari ning provinsi Jawa Tengah, amarga kapupaten iki duwé akèh tlaga lan waduk kanggo irigasi sawah-sawah ning sisih kidul lan kulon kabupatèn (Waduk Klambu, Waduk Sedadi lan Waduk Kedung Amba). Mangsané Waduk Kedung Amba lagi dibangun, akèh rakyat kang ora sepakat, amarga pembangunan waduk iki ora duwé persetujuan saka masarakat désa-désa kang diwajibke bedhal désa. Pembangunan waduk iku diragati déné Bank Donya (the World Bank). Saliyané waduk, uga ana rong kali, jenengé Kali Lusi (utawa kali Pilang) lan Kali Serang. Mangsa rendeng, kali-kali iki bisa nyebabkà banjir bandang.

Papréntahan

[besut | besut sumber]

Grobogan dadi kabupatèn tanggal 4 Maret, 1726, ambané kurang luwih 1.975,86 km², (sumber liyané nyebutké 1.875,85 km²), kabutan paling amba nomer 2 ning Provinsi Jawa Tengah. Cacah jiwa Grobogan taun 2004 ana 1.359.191 jiwa. Grobogan nduwèning 19 kacamatan, lan 280 désa. Bates sisih lor yaiku Kabupatèn Demak, Pati lan Kudus, ning sisih wétan kabupatèn Blora lan ning sisih kidul kabupatèn Ngawi (Provinsi Jawa Wétan), Sragen lan Boyolali, lan ning pérangan kulon kabupatèn Semarang.

Sing dadi Bupati yaiku Agus Supriyanto SE lan wakil Bupatiné Bambang Pujiono SH (2006).

Kabupatèn Grobogan ketata saking 19 kacamatan, 7 kalurahan lan 273 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Grobogan yaiku:

Kaya kabupatèn-kabupatèn liyané ning Jawa Tengah, agama utama kang digegem wong Grobogan iku agama Islam. Saliyané, uga ana wong kang nganut agama Kristen, Katolik, Hindhu lan Buda. Uga ana wong kang nggegemi agama kejawen.

Pendidikan

[besut | besut sumber]

Meh kabèh sekolah kang ana diragati karo nagara – sekolah nagari. Nanging ana uga sekolah-sekolah suwasta, kaya Madrasah Ibtidaiyah, Muhammadiyah, PGRI, lan sekolah Kristen. Tekan taun 2007, Kabupatèn Grobogan durung duwé universitas. Sanadyan pendidikan SD lan SMP diwajibke nagara, jumlah murid SMP mung 58,13 persèn, lan jumlah murid SMA mung 21, 19 persèn saka umur kang sak wajibé kudu sekolah (2004).

Kagunan lan Budaya

[besut | besut sumber]

Kagunan budaya Jawa ning Grobogan akèh diprabawai kagunan budaya Islam saka Kasultanan Demak lan Kudus, ditambah prabawa Islam-Hindhu, saka Kasunanan Surakarta. Contoné iku budaya Kathamansunatan kanggo bocah lana mangsa akil balik. Klambi kang dienggo déné bocah kang disunat, dijupuk saka budaya arab, ditambah karo “terbangan” nganggo terbang lan kentrung kang luwih cedhak karo budaya Islam. Nanging kanggo pengantenan, klambi lan uba rampé luwih cedhak karo budaya Hindhu-Jawa. Ana uga budaya kang luwih “merakyat” utawa “profane”, kaya jogetan kagunan tayub utawa ledhek. Jejogetan iki sawijiné jejogetan nganggo gamelan Jawa. Penjoget mligi racaké priyayi putri. Tembang-tembangané rada gumbira. Jaman ndhisik, kulawarga kang duwé hajatan kaya mantenan, sunatan utama slametan liyané nanggap tayub utawa ledhek. Lan racaké slametan iku sak rampungé mangsa panen.

Panganan lan Plesiran

[besut | besut sumber]

Panganan khas

[besut | besut sumber]

Ning Indonésia, Purwodadi Grobogan dikenal saka "Swikee", jangan kodhok (racaké kodhok ijo) ganggo taucho. Sajatiné, Swikee iku olah-olahan Tionghoa. Amarga ana akèh kulawarga Tionghoa kang manggon ning Purwodadi lan duwé pabrik kecap, jangan kodhok dadi masakan asli Purwodadi.

Plesiran

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]