Menyang kontèn

Kresna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan Kresna karyané Dominique Amendola

Kresna (Dewanagari: कृष्ण,IASTkṛṣṇa,; diwaca [ˈkr̩ʂɳə]) iku salah siji déwa sing dipuja déning umat Hindhu, awujud priya kulit peteng utawa biru tuwa, nganggo dhoti kuning lan makutha saka wulu merak. Sajeroning seni lukis lan reca, lumrahé Kresna digambaraké pinuju main suling sinambi ngadeg kanthi sikil sing ditekuk. Legendha Hindhu sajeroning kitab Purana lan Mahabharata mratélakaké yèn Kresna iku putra kawolu Basudewa lan Dewaki saka krajan Surasena, krajan mitologis ing India Lor. Lumrahé, Kresna dipuja minangka awatara (inkarnasi) Déwa Wisnu kawolu antarané sepuluh awatara Wisnu. Sajeroning sawatara sekte Hindhu, upamané Gaudiya Waisnawa, Kresna dianggep manifèstasi saka bebener mutlak, utawa pawujudan Tuhan,[1] lan sajeroning tafsiran kitab-kitab sing mengatasnamakan Wisnu utawa Kresna, kaya Bhagawatapurana, Kresna dimuliakaké minangka Kapribadèn Tuhan Sing Maha Tunggal.[2] Sajeroning Bhagawatapurana, Kresna digambaraké minangka sosok bocah angon anom sing mahir main suling, déné sajeroning wiracarita Mahabharata Kresna misuwur minangka sosok pemimpin sing wicaksana, sekti, lan mrabawani. Saliyané iku Kresna misuwur uga minangka tokoh sing mènèhi ajaran filosofis, lan umat Hindhu yakin Bhagawadgita minangka kitab sing ngamot kutbah Kresna marang Arjuna ngenani èlmu rohani.

Kresna Miturut Pedhalangan Jawa

[besut | besut sumber]
Kresna

Prabu Sri Bathara Kresna iku sawijining paraga wayang ing Wiracarita Mahabarata. Nalika isih timur, asmané Raden Narayana. Ing pedhalangan, Kresna kondhang amarga lantip lan pinter micara. Karo Raden Arjuna, Kresna kapilih dadi titisaning Bathara Wisnu. Raja ing Negara Dwarawati iki sawijining turuning trah Yadawa. Miturut pedhalangan Kresna iku anaké Prabu Basudèwa, nata ing Mandura kang angka loro patutan karo Dèwi Mahindra iya Dewaki. Kadange sepuh asmané Radèn Kakrasana iya Prabu Baladewa, déné rayine asmané Dèwi Bratajaya iya Wara Sumbadra.

Garwa-garwané yaiku Dewi Jembawati, putrine Resi Jembawan ing Pertapan Gandamadana, peputra Radèn Samba Wisnubrata lan Raden Gunadewa, Dewi Rukmini putrine Prabu Bismaka (Radèn Arya Prabu Rukma) ing Kumbina, peputra Dèwi Titisari lan Radèn Saranadewa (arang dikocapake) lan Dewi Setyaboma, atmajane Prabu Setyajid (Ugrasena) ing nagara Lésanpura, peputra Radèn Setyaka. Dèwi Pratiwi (Pertiwi) putriné Sang Hyang Nagaraja ing kahyangan Sumur Jalatundha, peputra Radèn Setija utawa Prabu Boma Narakasura, lan Dèwi Siti Sundari. Miturut padhalangan, Kresna bisa jumeneng nata ing Dwarawati amarga dadi jagone para déwa ing Kahyangan Suralaya kang bisa ngasorake yudhane loro yaksendra (Raja Raseksa) kang ngganggu gawé amarga arep nglamar Widadari kang aran Bathari Wilutama karo para déwa nanging ora ditampa yaiku, Prabu Yudhakalakresna, Raja Negara Dwarakawestri lan Prabu Kunjarakrena, Raja Negara Dwarawatiparwa. Banjur sawisé Raden Narayana jumeneng nata, Negara Dwarakawestri lan Negara Dwarawatiparwa nyawiji lan diganti jeneng dadya Negara Dwarawati (tegesé Negara kang Sugih Lawang). Ing carita liya, ratu Dwarawati sing dikalahake Narayana iku jejuluke Prabu Narasingamurti lan senopatine aran Radèn Singamulangjaya kang uga banjur dikalahake déning Raden Setyaki. Prabu Narasingamurti banjur manitis ana anggane Prabu Kresna, déné Singamulangjaya manunggal sajiwa karo Raden Setyaki. Carita iki bisa ditemoni ing lakon wayang "Bedahe Dwarawati".

Dasanamane miturut padhalangan:

  • Prabu Sri Bathara Kresna
  • Prabu Harimurti
  • Sasrasumpena
  • Danardana (Janardana)
  • Padmanaba
  • Raden Narayana
  • Giwangkaton
  • Prabu Lengkawamanik
  • Gopala

Wonten ing Perang Baratayudha, Kresna dadi duta utawa utusan makili para Pandhawa menyang nagara Astina nanting karepe Prabu Duryudana pembarepé Kurawa supaya maringké separo nagara Astina uga nagara Amarta karo para Pandhawa. Kadadeyan iki ana ing lakon Kresna Duta. Déné nalika Raden Arjuna arep tandhing lawan Adipati Karna, Kresna mènèhi wejangan marang Arjuna. Arjuna rangu-rangu arep mangkat perang amarga arep tandhing karo seduluré dhéwé.

Gaman kang diduweni Prabu Kresna

  • Senjata Cakra: Panah awujud cakra (bunder kaya rodha) lan lancip ing pucuke.
  • Kembang Wijaya Kusuma lan Wijayamulya: awujud cangkoking kembang kang bisa ngusadani wong lara utawa mati sadurungé wektune.
  • Kaca Paesan: Kaca kang bisa kanggo meruhi apa kang bakal kelakon.
  • Aji Pameling: kanggo nimbali saka kadohan, upamané nimbali Resi mayangkara kang ana pertapan Kendhalisada supaya marak sowan.
  • Panah Kesawa: dayane yèn duka bisa malih brahala sagunung anakan (triwikrama) apraceka Ditya Brahalasewu.
  • Kreta Kyai Jaladara: Kreta jaran papat punaringane déwa nalika ngasorake Prabu Yudakalakresna ratu Dwarakawestri.
  • Bendhe Kyai Pancajanya: Bendhe kang dayane bisa ngluluhake mungsuh

Kresna Miturut Agama Hindu

[besut | besut sumber]

Gambaran

[besut | besut sumber]

Kresna bisa dingerteni kanthi gampang kanthi mirsani sifat-sifate. Ing wangun reca, Kresna digambarake nduweni kulit ireng utawa peteng, utawa malah putih. Ing budaya wayang Jawa Kresna digambarake nduweni kulit ireng, dene ing Bali digambarake nduweni kulit ijo. Ing gambaran umum, contone lukisan modern, Krishna biasane digambarake minangka wong enom kulit biru. Ireng minangka warnane Dewa Wisnu miturut konsep Nawa Dewata, dene biru nglambangake keberanian, tekad, pikiran sing mantep nalika ngadhepi kahanan sing angel, lan kesadaran sing sampurna. Werna biru uga nglambangake langit lan segara, saben-saben tegese jembar lan ambane sing mbentuk tanpa wates, kaya Wisnu.

Dheweke kerep katon nganggo dhoti (jinis tank top) sing digawe saka sutra kuning, nglambangake cahya sing nyingkirake pepeteng. Sirahé dihias nganggo makutha wulu merak, nglambangaké galaksi warna-warni ing pepeteng, utawa pusat energi ing ndhuwur indera. Gambaran umum biasane nuduhake dheweke minangka bocah cilik, utawa wong kanthi cara santai, muter suling. Ing wangun iki, dheweke biasane ditampilake ngadeg kanthi sikil ditekuk ing sisih. Kadhang kala diiringi sapi, negesake jabatane minangka pangon dewa (Govinda). Ing agama Hindu, sapi dianggep suci amarga nglambangake Ibu Pertiwi.

Peran Kresna minangka sopir kreta Arjuna ing medan perang Kurukshetra, kaya sing digambarake ing wiracarita Mahabharata, minangka subyek liyane sing umum ing penggambaran Kresna. Ing kasus iki, dheweke ditampilake minangka tokoh lanang, asring kanthi ciri dewa ing seni Hindu, kayata akeh lengen utawa sirah, lan kanthi atribut Wisnu, kayata chakra. Minangka kusir biasa, dheweke ditampilake nganggo tangan loro. Lukisan guwa saka 800 SM ing Mirzapur, Uttar Pradesh, India Lor, nuduhake pembalap kreta perang, salah sijine katon mbuwang diskus sing bisa dingerteni.minangka Krishna.

Penggambaran ing candhi asring nuduhake Krishna minangka wong sing ngadeg jejeg, kanthi gaya formal. Bisa ditampilake piyambak, utawa karo tokoh sing ana hubungane karo dheweke: Balarama (Baladewa - kakangné) lan Subhadra (adhiné), utawa garwané utama, yaiku Radha, Rukmini lan Satyabama utawa Kalindi.

Kresna asring digambarake bebarengan karo garwane sing langgeng sing dadi pimpinan kabeh gopi (pembantu susu), dheweke yaiku Radha. Sekte Waisnawa ing Manipur ora mung nyembah Krishna, nanging uga aspek minangka Radha Krishna, gabungan saka Krishna lan Radha. Iki uga minangka ciri saka sekolah Rudra Sampradaya lan Nimbarka sampradaya, uga sistem kapercayan Swaminarayan. Tradhisi kasebut ngluhurake Radha Ramana, sing katon dening para pengikut Gaudiya minangka wujud Radha Krishna.

Kresna uga digambarake lan disembah minangka bocah cilik (Balakresna), kanthi papat utawa jogèd, biasane nganggo mentega ing tangane. Bedane ing saben wilayah babagan penggambaran Krishna bisa ditemokake ing macem-macem wujud, contone Jagadnata ing Orissa, Vitoba ing Maharashtra lan Shrinathji ing Rajasthan.

peperangane kresna

[besut | besut sumber]

Narayana sakadang nalika isih timur dititipake marang Ki Demang Antyagopa lan Nyai Sagopi ing Pedukuhan Widarakandhang. Iki kanggo nyingidake supaya aja nganti konganan déning Raden Kangsadewa, putrane kuwalon Prabu Basudewa saka Dewi Maerah kang jumeneng adipati ing Kadipaten Sengkapura kang kepéngin nguwasani nagara Mandura. Ya nalika ana ing Pedukuhan Widarakandang iki, Raden Narayana meguru marang Begawan Padmanaba ing Pertapan Girikestuba. Déning Sang Begawan pinaringan pusaka cacah loro aran Senjata Cakra Baskara, Kembang Wijayakusuma lan Kaca Paesan kang bisa kanggo ngawuningani kaanan sing bakal dumadi. Kejaba iku uga pinaringan panah "Kesawa" iya aji Brahalasewu kang dayane manawa Prabu Kresna lagi duka banjur astane nyenggol bedhore Kesawa bisa triwikrama dadi brahala sagunung anakan sesilih Ditya Brahalasewu. Sabanjure Sang Begawan Padmanaba iya banjur nyawiji ana anggane Narayana.

Prabu Kresna iku kawentar kadidené titising déwa Bathara Wisnu, déwa kang andhum kabahagyan lan keadilan. Mula ya wicaksana, waskitha, pinter, sekti mandraguna, sidik ing paningal lan yèn duka bisa malih buta brahala. Prabu Kresna banget tresnané marang adhine ipe, yaiku Arjuna. Kresna lan Arjuna iku nganti kerep diibaratake kaya godhong suruh lumah lan kurepe, nadyan béda wujudé nanging yèn digigit padha rasané. Ratu Dwarawati iki uga kondhang kadidene salah sijiné paraga sing pinter (lihai) lan ahli strategi perang sing mumpuni. Nalika dumadine perang Baratayuda, Kresna dadi botohe para Pandhawa.

Ngarepe dumadine perang, tau minangka duta. Budhale menyang Astina nitih Kretane Kyai Jaladara dikusiri rayine, Raden Setyaki. Ing Tegal Kurusetra lakuné ditungka déwa cacah papat, yaiku Sang Hyang Narada, Sang Hyang Kanwa, Sang Hyang Janaka lan Ramaparasu kang ngersakake nyeksèni anggoné padha pirembugan.

Sawisé Prabu Kresna tekan Astina, maune ditampa kanthi becik déning Prabu Duryudana sakadhang. Prabu Duryudana ya wis saguh mbalekake nagara Astina sigar semangka lan nagara Amarta sakwutuhe marang para Pandhawa. Nanging nalika para déwa mau wis padha kondhur makayangan, Duryudana njabel kesaguhane. Layang prajanjen kang wis ditapak astani narendra kekarone disebit-sebit. Lan oran mung iku waé, ratu Astina iku uga banjur paring sasmita marang Patih Sengkuni lan Pandhita Durna supaya dhawuh marang para Kurawa amrih ngrangket lan nyirnakake Prabu Kresna. Kurawa klakon nglarak Prabu Kresna menyang alun-alun nedya disirnakake. Mesthi waé Prabu Kresna banjur duka yayah sinipi, banjur triwikrama malih dadi brahala kang gedhene sagunung anakan. Para Kurawa bubar mawut katrajang pangamuke Ditya Balasrewu. Miturut carita padhalangan gagrak Yogyakarta sing kalumrah kae, pangamuka Balasrewu uiku tundhone nggawa kurban Prabu Dhestharastra lan Dewi Gendari (bapa lan ibune para Kurawa) sedha sarimbit amarga kebrukan Baluwarti (beteng kedhaton)kang juruguk amarga pangamuke Balasrewu. Jugrugane beteng kang ngebruki Prabu Dhestarastra lan Gendari iku kinarya liwat playune para Kurawa kang dibujung brahala. Iki ateges, Prabu Dhstharastra lan Dewi Gendari padha waé diidhak-idhak déning para putrane dhéwé, amarga anggoné ora bisa ndhidik (nggulawentah) lan mulang-muruk bab kautaman marang para anak-anaké.

Ana ing Perang Baratayudha Jayabinangun, Prabu Kresna ngusiri Arjuna nalika perang-tandhing lumawan Adipati Karna kanthi Kretane Prabu Kresna yaiku Kreta Kyai Jaladara. Arjuna unggul yudhane, Adipati Karna palastra ketaman jemparing Pasopati.

Ing pakeliran, yèn Prabu Baladewa kondhang kadidene ratu sing pakulitane putih mulus alias bule tekan balung sungsum, Prabu Kresna iki pakulitane ireng. Cocok karo asmané, tembung "kresna" werdine pancen ireng. Ireng tekan getih, balung lan sumsume. Pungkasané carita, Kresna sirna saragane utawa muksa amarga kena putulahe sepata turuning bangsa Yadawa kang kudu tumpes.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Who is Krishna?
  2. Bhag-P 1.3.28 Archived 2013-01-23 at the Wayback Machine. "All of the above-mentioned incarnations are either plenary portions or portions of the plenary portions of the Lord, but Lord Sri Krishna is the original Personality of Godhead."

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa



Awatara Wisnu
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki