Menyang kontèn

Duryodana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suyodana)
Duryodana
Duryodana
Duryodana.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Duryodhana
Jeneng miturut aksara
Dewanagari दुर्योधन
aksara Bali
aksara Jawa

Duryodana utawa Duryudana iku ratu ing Ngastina (Hastina) Ing layang Mahabharata karan Droyudhana. Dasanamane miturut padhalangan: Suyudana, Jakapitana,Jayapitana, Kurupati, Gendharisuta, Dhasthaputra, Tri Mamangsah. Duryudana iku putrane Prabu Dhestharastra lan Dewi Gendhari sing tuwa dhéwé. Nalika lair ora salumrahe bayi, nanging wujud tengkelan daging, kaya tugelan daging kebo. Daging mau polah kroncalan. Déning Dewi Gendari daging ditendhang sakayange, satemah sigar dadi loro. Dewi Gendari saya duka. Sigarane daging sing sijiné diidhak-idhak, satemah ajur dadi pirang-pirang, pating kruget kaya singgat. Daging mau banjur ditutupi godhong lumbu. Daging sing gedhé dhéwé dadi bayi loro, Duryudana lan Dursasana. Déné daging sing cilik-cilik dadi adhi-adhine kang banjur karan Sata Kurawa. Tembung Sata tegesé satus (sanadyan cacahé 101), déné Kurawa iku mengku teges darah Kuru. Duryudana sa adhi-adhine iku watake angkara murka, srei, jail-methakil, jalaran tansah diapusi lan diojok-ojoki déning bapa pamane, Patih Harya Sengkuni (Sakuni). Bedha karo Prabu Dasamuka, nata ing Ngalengka kae, sanajan padha-padha watake angkara murka, nanging yèn Dasamuka kabèh tumindhake sing angkara murka iku tukul saka prentule atine dhéwé. Déné yèn Duryudana anggoné duwé watak angkara murka amarga disetir déning Patih Sengkuni. Mula Duryudana iya banjur tansah mungsuhi marang para Pandhawa

Putra lan garwa

[besut | besut sumber]

Garwa prameswarine Prabu Duryudana sesilih Dewi Banowati dan Dewi Mayuriwati, putrine Prabu Salya ing Mandaraka. Sanadyan Duryudana iku wujudé cakrak, gantheng, nanging emane bodho banget. Pikirane landhep dhengkul. Isih ketambahan watake angkara murka. Muloa ora ana putri sing seneng karo dhèwèké. Nalika arep ngrabi karo Dewi Erawati (putri pembayune Prabu Salya), direbut utawa kalah dhisik karo Raden Kakrasana (Prabu Baladewa). Arep péngin ngrabi Dewi Surtikanthi (putrine Prabu Salya sing angka loro), didhisiki Suryatmaja (Adipati Karna). Wasana bisa dhaup karo Dewi Banowati amarga pitulungane Raden Permadi (Arjuna).Satemene Banowati ora duwé rasa tresna marang Duryudana, jalaran Banowati dan Mayuriwati wis luwih dhisik sesambungan tresna marang Permadi.Mula Banowati dan Mayuriwati njaluk bebana: Gajah Putih, sratine putri sulisttya. Duryudana bisa miangkani bebana mau marga pitulungane Permadi. Banowati, Mayuriwati banjur njaluk bebana manèh: Patah (sing ngampingi penganten) putri ayu lan satriya bagus sing ngungkuli para priya ing Mandaraka. Kuwajibane patah iki ndandani manten putri sing ora liya sing dikarepake iya Permadi iku. Prabu Duryudana iya banjur utasan marang Patih Sengkuni ana pratapan Wukir Retawu ana ngarsane Begawan Abiyasa saperlu arep nyuwun ngampil Permadi supaya maesi temanten putri. Panembahan Abiyasa iya marengake Permadi kaboyong ana Mandaraka saperlu maesi temanten putri. Mula iya ora mokal, yèn Banowati dan Mayuriwati kang banjur dadi garwane Prabu Duryudana iku satemene wis ora prawan manèh amarga diprawani Permadi. Saka anggoné bebrayan Banowati dan Mayuriwati duwé anak loro lanang-wadhon, kang sesilih Raden Lesmana Mandrakumara iya Sarojakesuma lan Dewi Lesmanawati. Akèh sing mawastani yèn anak loro iki sejatine dudu anaké Duryudana, nanging ana uga kang nyebut yèn ramane Leksmanawati iku Arjuna.

Ing Bharatayudha, Duryudana dadi senopati Korawa kang pungkasan mungsuh karo Werkudara Bima. Sekawit Werkudara kang ngadhepi wektu iku bola-bali meh kasoran. Pungkasane Werkudara bisa ngerti yèn pengapesane Duryudana ana ing pupune (wentise)kang sisih kiwa. Nalika Duryudana lena kaprayitnane, wentise digitik nganggo gadha Rujakpolo déning Werkudara saéngga kuwandane Duryudana jengkelang gumebruk ing bantala. Nuli musthane dikepruk nganggo gadha lan pasuryane diungsep-ungsepake ana wadhas curi saéngga wewujudane memper jrangkong. Ana kaanan sekarat, Duryudana isih kober nguman-uman marang Werkudara lan para Pandhawa liyané. Diunek-unekake kaya mangkono iku Werkudara meh baé muntab kanepsone nanging dipenggak Prabu Kresna. Wusanane Duryudana enthek dayane lan banjur mati kanthi aniyaya ana sajeroning paprangan Baratayuda kang pungkasan, mbarengi ambruke nagara Ngastina. Mula perang iki banjur karan carita "Rubuhan Duryudana Gugur".

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa